Bahasa Jawa
Serat Wulangreh
Kanca-kanca, ing jaman biyen menawa arep
ngandhani anak kuwi duwe cara sing apik. Yaiku kanti cara ndongeng lan nembang.
Biyasane tembang-tembang kuwi dijupuk saka serat-serat, tuladhane Serat Wedhatama.
Serat wedhatama iku salah sijine karya susastra Jawa sing
ngamot filsafat Jawa, utamane bab kawruh manunggaling karo Gusti. Serat iki
ditulis dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV ing
abad ke-19. Wujude arupa tembang, dadi padha bisa dinyanyekake kanggo ndidik
anak-anake.
Serat wedhatama iku dumadi saka 3 tembung, yaiku: serat,
wedha, lan tama. Serat tegese tulisan utawa kasusastran, wedha tegese kawruh
utawa ajaran, lan tama dumadi saka tembung utama sing tegese apik, dhuwur utawa
luhur. Dadi pangertene serat wedhatama iku sawijining susastra sing ngemot
kawruh ajaran kautaman uga kaluhuran uripe manungsa.
Serat wedhatama duweni 100 pupuh. Sing diporo dadi 5 tembang,
yaiku:
·
Pangkur 14 pupuh (I-XIV)
·
Sinom 18 pupuh (XV-XXXII)
·
Pocung 15 pupuh (XXXIII-XLVII)
·
Gambuh 35 pupuh (XLVIII-LXXXII)
·
Kinanthi 18 pupuh (LXXXIII-C)
Kabeh kuwi mau piwulange ana akeh, sing kapetik saka
Hadiatmaja, 2011 ana 5 piwulange:
·
Mawas dhiri
Artine bisa ngerti dhirine saka njero. Apa tumindake, gunemane wis apik
apa durung. Ngerti ora yen ing jero dhirine isih ana kakurangane. Dadi saben
wong kuwi kudu bisa ngerti apa sing ning jerone awake dhewe.
·
Budi Luhur
Sikap sing apik saka jerone ati. Wong sing duweni budi luhur mesti tansah
ngucap syukur marang Gusti, lan ngadohi samubarang sing ala.
·
Tepa Salira
Yaiku rasa ngerteni yen ora bakal nglakokake samubarang sing yen bakal
dilakokake ing awake dhewe marai lara ati. Yen duwe rasa tepa salira, wong
bakal mikir yen ana salah siji prakara dumadi ing awake, dadine bakal piye.
Mangka saka kuwi, yen arep tumindak dipikir dhisik akibate.
·
Mrawira
Isa njaga awake dhewe. Wong sing duweni watak mrawira bisa njaga awake
kaya apa tingkate ing tengah-tengah masarakat lan duweni martabat.
·
Rasa Rumasa
Rumangsa
yen kabeh tumindak kuwi diawasi dening wong liya, dadi ngerti yen tumindak ala
kuwi bakal dadi ketara ing satengahe masarakat. Dadi yen wus duwe rumasa, ora
bakal tumindak ala sebab wis ngerti akibate yen tumindak ala kuwi kepriye.
Dadi, saka serat wulangreh kuwi awake dhewe bisa nyinau
babagan urip ing tengah-tengah masarakat kuwi kudu tumindak piye. Kudu duweni 5
rasa sing kudu ditrapke marang samubarang sing dilakokake ing satengahe
masarakat. Supaya bisa dadi wong sing apik.
Amarga kuwi, wong jaman biyen nganggo cara mangkene supaya
pituture luwih gampang ditampa dening anake, lan maneh, uga bisa budidaya
kabudayane dhewe. Amarga saiki wis pada nglalekake serat wulangreh lan gunane
sing gedhe kuwi, dadi tumindake ing satengah masarakat uga ora nggatekake 5 prakara
kuwi mau. Sayektene, yen bisa ngamalke kabeh 5 prakara kuwi, wus bisa dadi wong
sing urip apik ing satengahe masarakat.
Dadi, awake dhewe para kanoman Jawa kudu bisa njaga budaya
Jawa kuwi, supaya ora ilang kagerus jaman. Luwih becik maneh, bisa nurunake
marang putra putrine, kanthi cara ndhidik nganggo tembang, supaya bisa kasil
pakertine wong Jawa (Tembang Pangkur pada I). Supaya bisa dadi pemimpin sing
dadi panutan (Tembang Sinom pada I), dadi wong sing duweni ilmu (Tembang Pocung
pada I), lan supaya bisa landhep atine (Tembang Kinanthi pada I). Lan dadi
peneruse wong Jawa sing duweni kabeh pakertine urip luhur wong Jawa.
0 Comments