Bahasa Jawa
Unggah-Ungguh Basa Jawa: Ngoko, Krama
·
Ngoko Lugu
Ngoko lugu yaiku wujud
unggah-ungguh basa Jawa sing kabeh tembunge awujud ngoko lan tanpa campuran
tembung krama, krama inggil utawa krama andhap.
Panganggone ngoko lugu iki bisa
kanggo kang tembungan (Orang pertama), sing dijak rembugan (Orang kedua), utawa
wong kang dirembug (Orang ketiga).
Wuwuhan (imbuhan) sing digunakake
ing ngoko lugu awujud ngoko (di-, -e, -ake).
Basa ngoko bisa digunakake kanggo
pawongan sing wis akrab lan rumangsa dheweke luwih tuwa tinimbang sing dijak
guneman. Tuladhane kanca karo kanca, guru karo murid, utawa wong tuwa karo
anak.
Tuladhane:
Kowe mengko ana ngomah? Aku arep
menyang omahmu.
Aku nggawa sangu panganan saka
ngomah.
·
Ngoko Alus
Ngoko alus yaiku wujud
unggah-ungguh basa Jawa sing tembunge ora mung tembung ngoko lan netral,
ananging uga nggunakake tembung krama, krama inggil, lan krama andhap.
Ananging panganggone tembung
krama, krama inggil, lan krama andhap iku mung digunakake kanggo ngurmati wong
sing dijak rembugan (Orang kedua) lan kanggo wong kang dirembug (Orang ketiga).
Dadi ora digunakakke kanggo awake dhewe (Orang pertama).
Wuwuhan (imbuhan) sing digunakake
ing ngoko alus uga awujud ngoko (di-, -e, -ake).
Basa ngoko alus uga bisa
digunakake kanggo wong sing wis akrab lan sing rumangsa luwih tuwa tinimbang
sing dijak guneman.
Dadi cirine ngoko alus iku:
o
Basane ngoko + krama inggil
o
Ana tembung kriya kanggo sing dijak guneman
(Orang kedua) lan wong sing dirembug (Orang ketiga)
o
Tembung kowe dadi panjenengan
o
Ater-ater lan panambang (imbuhan) ora
dikramakake
Tuladha:
Panjenengan sida tindak kantor
ora?
Dhik, surate iki tulung diaturke
Pak Guru, ya!
·
Krama Lugu
Krama lugu yaiku tembung kang
digunakake kanggo menehi tandha ragam sing tembunge dumadi saka krama, madya,
netral utawa ngoko, lan isa ditambah nganggo krama inggil utawa krama andhap.
Nanging krama inggil karo krama andhap amung kanggo ngurmati sing dijak guneman
(Orang kedua) utawa wong kang dirembug (Orang ketiga)
Cirine Krama lugu yaiku:
o
Dumadi saka krama + krama inggil
o
Tembung kowe dadi sampeyan
o
Ater-ater / panambang dikramakake
o
Tembung aku dadi kula
Tuladha:
Sampeyan napa nate kesah dhateng
Solo?
Yen purun, mangpundhutaken sega
niku saporsi mawon.
·
Krama Alus
Krama alus iku wujud
unggah-ungguh basa Jawa sing kabeh tembunge saka tembung krama, krama inggil,
utawa krama andhap. Tembung madya lan ngoko ora digunakake. Ater-ater lan
panambang sing digunakake awujud krama (dipun-, -en, -aken).
Tuladha:
Bapak tindak kantor nitih sepeda.
Ibu sare wonten ing kamar
ngajeng.
0 Comments