Bahasa Jawa
Teks Deskripsi Kandang Rumah Joglo
Kandhang iku panggonan kanggo kewan sikil papat.
Kandang digawe saka pring. Payone saka gendheng.
Kandhang kudu pisah karo omah wong amarga kanggo njaga
kesehatan. Kandhang dipanggonake ing mburi supaya ora ngganggu yen ana tamu,
supaya yen disawang luwih apik lan luwih ngresepake.
Bentuke kaya omah kampung. Empyak setangkep tengah dhuwur
diwenehi penuwun. (Atape bentuk prisma segitiga). Omahe bentuke segi papat
utawa persegi panjang. Kiwa tengene oleh ditembok utawa saka pring. Balungane
ya bisa saka pring utawa saka kayu.
Njerone diwenehi palang-palang kanggo saben sapi, saben sapi
ana adhah pakane dhewe-dhewe saka pring bentuke kotak-kotak. Ngisore kandhang
dipasangi panggung kanggo mbuwang regedane kewan. Anane panggung kuwi marai
gampang olehe ngresiki regedan, dadi kari ngeruk regedan kuwi. Ana uga blumbang
dinggo regedan kuwi mau. Ndhuwure blumbang kuwi diwenehi tutup.
Yen ngresiki kandhang nganggo garuk utawa sekop, saben dina
diresiki ben sehat kewane. Panggone kandhang kuwi kudu etuk sinar matahari sing
cukup supaya kewane sehat. Biyasane kandhang madhep ngetan lan diwenehi
ventilasi sing cukup supaya srengenge isa mlebu.
0 Comments